Minggu, 17 November 2013

cerita rakyat : jaka tarub bahasa jawa

ing suatu desa ana pemuda kang ganteng lan gagah jenenge jaka tarub.suatu ketiko jaka tarub lungo menyang hutan nganggo golek kayu pas ning tengah perjalanan jaka tarub krungu suara wong wedok kang lagi gojek lan guyu amarga penasaran jaka tarub golek I sumber suoro iku pas ketemu tibak e sumber suara iku ana ing danau kang dueni pemandangan sing indah banget lan ning kono ana wong wedok cacah e 7 kang nduweni rupa rupa ayu ayu terus jaka tarub nginceng ning mburi watu gede,pas kui jaka tarub nemukne selendang selendang wong wedok kui mau kang cacah ana 7 terus jaka tarub jupuk salah siji saka selendang kui mau.pas wes puas ados,wong wedok 7 mau mentas saka danau lan nganggo selendang e dewe dewe pas nganggo salah siji saka wong wedok mau kelangan selendang e amarga dijupuk jaka tarub mau,amarga wes bengi banget wong wedok 6 kui munggah ana ing langit lan danar wulan sing kelangan selendang mau raiso mbalik ana ing langit amargo selendang e ilang,pas kui jaka tarub ngerti yen wong wedok mau kui bidadari. amarga raiso mbalik danar wulan nangis trus jaka tarub nyedak i danar wulan terus ngibur danar wulan lan ngewehne selendang tapi dudu selendang bidadari sing asline barkui danar wulan mau diajak mulih lan diajak tinggal menyang omah e jaka tarub. wes suwe tinggal bareng jaka tarub,akhir e jaka tarub karo danar wulan kui mau nikah lan pas wis nikah kehidupan rumah tanggane jaka tarub karo danar wulan kui mau tercukupi lan makmur trus gentong tempat nyimpen e beras kui kebak terus lan ana ing gentong kui jaka tarub ndelekne selendang e danar wulan kui mau.pas wes suwe bangun rumah tangga bareng akhir e danar wulan karo jaka tarub dikarunai anak lanang lan rumah tanggane jaka tarub karo danar wulan luwih apik lan harmonis. pas wes suwe najlin rumah tangga,jaka tarub curigo karo danar wulan amargo saben dina iso mangan sego padahal gentong beras e kebak terus ora tau ngelong lan ora nduwe sawah trus jaka tarub takon karo danar wulan,jawab e danar wulan ora ngomong sak bener e. suatu ketika danar wulan arep belanja menyang pasar terus jaka tarub kon jogo anak e lan ora entok mbukak panci go nenek sego kui, amargo roso penasaran sing nduwur akhir e jaka tarub mbukak panci kui mau padahal wes dilarang karo danar wulan pas wis dibukak jebul e isine panci kui mung sak butir beras tok terus jaka tarub dadi gumun lan ditakokne marang danar wulan trus danar wulan ngerti lan nesu karo jaka tarub amarga danar wulan wes gak iso masak nganggo ilmune kui mau lan isone mung masak sego koyok wong biasane dadi persediaan beras ana ing gentong kui mau saben dina terus berkurang lan nyelot sue entek amarga musim panen e isih suwe.pas beras sing ana ing gentong mulai entek lan terkuras mara mara danar wulan ngerti selendang lan danar wulan langsung jupuk selendang kui mau lan pas wes dicekel danar wulan kelingan yen kui selendang e sing nyebabne wong e raiso munggah langit,kelingan danar wulan langsung nganggo selendang e kui mau lan ngomong karo jaka tarub yen danar wulan arep munggah ning langit lan danar wulan pesen karo jaka tarub supoyo jaka tarub ngrawat anak lanang e kui terus jaka tarub ora iso ngecolne danar wulan trus danar wulan pesen meneh karo jaka tarub yen kangen karo danar wulan jaka tarub dikongkon nonton bulan wae,amarga saka bulan iki mau danar wulan isi ngibur jaka tarub.

1 komentar: